NAWALA PUNGKASAN
Wingi sliramu isih ana kene
Samangsa ati durung tatu
Endah sulistya donya iki
Bebarengan surute surya ing brang kulon
Dakruda ati ambusak crita iki
Nadyan ing jaja tansah suwala
Kembang mlathi sing dakronce
Lan rintip temata ing benang lawe
Kadhung gogrog pating besasik
Lan ngregeti pategalanku
Gegodhongan padha kemleyang dadi klaras
Saiki mung kari coretan-coretan nawala
Sing manjing dhamparing wengi
Lamat-lamat...
Banjur ilang...
Tan bisa trawaca
Nadyan netra gepok sanyari
Sliramu kapegat ati
Ki Rangga Sedayu
*****
Diajeng
Katon asri umbuling sendhang
Rina kang rinasa panas
Ambrongot angganing jagad
Papringan kang ngreksa edhuming hawa
Nalika daksawang lakumu
Kadya jinjit pucuking eri
Diajeng.....
Gepok netra kang ngripta sihing tresna
Tansah ngujiwat ing rina-rina
Nalika dakelus pangarasmu
Kang ndhingkluk tan kuwawa mulat
Mung rasa geter lelimeng jaja
Prasetya kang mituhu kalarung sineksan ratri
Lan dakgegem aturmu jroning ati
Emmhhh... nanging ora jeng,,,
Jebul tresnamu cethek kaya kali kang kebak wadhas..!!
Gapuk kaya kayu garing..!!
Ringkih kaya jati aking..!!!
aku....
Aku wes ora duwe pengarep-arep meneh Jeng,,,
dening Ki Rangga SEdayu
*****
SA'PUNGKURMU
kadya ana sing bengkas jroning dhadha
praupanmu sing tansah cemlorong telenging wengi
saiki katon tidha
lamat-lamat
banjur sirna
lir tumiyupe angin getir
nadyan jenengmu isi mili jroning getihku
kudu dakgambar maneh praupanmu?
apa kudu dakbuncah neng jurang impen?
aku mung bisa temlawung ngesuh ati
mokal nggonku mapag cahyaning wulan
yen wengine kepangan grahono
becik sesandhingan sepining ratri
gegunem swaraning sato wengi
lan wiwisiking ron-ron garing
jumbuh atiku sing gering
sapungkurmu
ki Rangga Sedayu
***
Nganti cengklungen rasa iki
adohing wengi durung bisa nelukke suksma
den netraku banjur nendra
Sajake wengi isih katon dawa
lan sepine kadya ngebaki ati
binarung kemebule pega putih
kang muwus bareng urupe rokok iki
Kaya-kaya pengen dakripta keluk-keluk kuwi
dadya reroncen endahing raina
milis wektu-wektu kang kebak rubeda
Aku mung bisa semendhe
sinambi mulat keluk-keluk sirna
sadurung lena
sadurung bang wetan ganti warna
***
Gurit Lan Tembang
Netra iki isih katon teles kumembeng waspa
Ngudarasa jroning nala
Mulat reroncening kembang sing saiki wudhar
Wus ora kurang anggonku ngesuh ati iki
Tebih dakrakit
Cedhak dakrancang
Minangka takat anggonku jumangkahing wuri
Geneya manismu rineksa lamis
Aku tan kuwawa nggondheli karebmu
Kajaba mung sumarah mrih lakuning angin
Tinimbang ati dadi pralaya
##
Amung batin gunemaning sepi
(Dan hanya batin berbicara dalam sepi)
Ening ati gumelar pandonga
(Dalam hening lantunkan doa)
Den rahayu kula darbe
(Agar keselamatan yg ku dapat)
Tinebihna bebedhu
(Jauhkan segala petaka)
Rob bebaya mugiya kalis
(Terhindar dari gelombang mara bahaya)
Miwah kerta raharja
(Hingga aman dan damai)
Murih gesangipun
(Dari kehidupan ini)
Sonten dalu rahina
(Sore, malam ataupun siang)
Gusti Allah mugiya paring sih mami
(Semoga Tuhan senantiasa limpahkan kasih untukku)
****
Mung Ayang ayang
Selehna dhuhkita iku
(Sandarkanlah gundah itu)
Aku kang bakal ngrengkuh madyaning impen
(Biar kupeluk dalam dekapan mimpi)
Napasku isih pideksa tumiyup
(Nafasku masih kuat berhembus)
Sesulak mendhung atimu
(Menyibak mendung di hatimu)
Aku panggah neng kene
(Aku masih disini)
Lan tansah keprungu
(Dan mendengar)
Sesambating atimu
(Jeritan nestapa itu)
Kemleyang wosing batinku
(Terbangkan batinku merengkuh)
Kairing tumiiyup kekesing angin
(Bersama angin dingin menusuk)
Sihku tansah gumelar
(Hangat kasih ku hadirkan)
Mios ungeling swara
(Lewat suara)
Mios gurit prasaja
(Lewat syair sederhana)
Lan mios kedhunging tyas
(Dan lewat dalamnya nurani)
Nadyan mung jejering ayang-ayang
(Walau hanya sosok bayang adanya)
***
Sepining wengi ginelung mendhung rinasa njangkepi reridhune ati
(sepi malam dalam balutan mendung telah menggenapi lapuknya hati)
Kasraya batin iki ngambali atur marang ndika
(memaksa batin mengulang kata padamu)
Munggah - mudhun ambal tinata
(menata ulang dengan seksama)
Jangkeping tembung tan ana kang ndunkap mala
(saat ungkapan itu lengkap, tak ada menyimpul luka)
Becik aturku ginawa sedhih
(keterbukaan kata hanya membawa kesedihan)
Prasaja tembungku ngemu kuciwa
(kejujuran kataku beraroma kekecewaan)
Kadya tan ana maneh reroncening sastra lan basa
(separti tak ada lagi rangkaian kata dan kalimat)
Minangka banyu linerem mawa
(sebagai air padamkan bara)
Ora mokal..
(tidaklah aneh...)
Ora maido..
(tidaklah menyangkal..)
Bot manah'ira sa'jero segara
(beban hatimu sedalam samudera)
Pan ngreksa kledhangku kabiwadha deduka
(bayanganku hanya mengiringkan kesebalan belaka)
Aku mung jalma lumrah
(aku hanyalah manusia biasa)
Kang nduweni wates
(yang tak sempurna)
Mungguh jembaring ati
(untuk kelapangan hati)
Mung sakleraman
Kaya padatan ngenteni praptane ratri
Ing ngisor wit nyamplung iki...
Angin kang tumiyup muwus saka jogeting kembang pari
Pindha nggusah rasa sayah jiwangga iki
Siji mboko siji
konang padha asung pepadhang
Sanadyan mung sakkelip...
Rinasa pajar madhangi pigura ati
Ahhh....
Kabeh mung kembangan...
reh endahing swasana atiku
Awit praptamu...
Sing tansah damang-damang ing pandulu
Binarung swarane gurit kapang,
kang wutah saka lathimu
Nanging kabeh mung endah sakleraman
Tanganku mung nggayuh wengi
Sliramu sirna rinengkuh
Ilang ginawa angin
****
Wulanku
Atising rahina nir sunaring cahya
Baskara nendra kakuluban jaladara
Rasane pindha ngembari kekesing nala
Njekut tiniyup semiliring angin getir
Aneng ngendi anggonku ngupadi?
Lelanamu sing tanpa nilar wadi
Tanpa swara andungkap sepi
Nora kendhat nggonku kulak warta
Adol prungu, nanging tan ketemu
Aku isih keprungu getering atimu
Ing wektu isih tansah mili jroning getihku
Aku tansah ngenteni madyaning ratri
Muga mendhung enggal sumilak
Sing wis suwe dadi aling-aling
Mrih netraku andulu
Aneng ngendi dununge prasetyaning lintang?
Sing biyen dadi pepajaring tyas
Rum gandane kembang, kang muwus sakeng atinira
Saiki wus lingsiring granaku
Siji mbaka siji gogrog pating besasik
Lebur nyawiji dadi bantala
Ron sing biyen royo-royo
Saiki wus kabur kanginan
Kemleyang dadi klaras
Jangkep ngebaki dhuhkita
Nanging kabeh mung carita
Carita kang kocap.,
Lan sadrema
***
Tidak ada komentar:
Posting Komentar